Langsung ke konten utama

Pawarta

pawarta



Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijiing panggonan sing bisa dicawisake liwat cetak,siaran, internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.
A. Bentuk Pawarta
Kados sing wis diaturae ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata :
1.   Cetak
      bisa awujud Kalawarti utawa majalah lan Ariwarti utawa koran.
       tuladha : majalah Djokolodhang, majalah panjebar semangat, lan sanesipun
2.    siaran
     bentuk siaran iki padha samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. 
     tulahanipun berita basa jawa RRI,TA TV, JOGJA TVTV, Semarang TVlan sak panunggalane.
3.    siaran internet
     Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog.
   Tuladhanipun kaya situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane
4.    lisan
    Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta.
    Tuladha: anak marang bapak, utawa sewalike.
B.  Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta padha karo sing ana ing berita yaiku 5W+1H
1.    WHAT/APA                 : Kedaden apa sing bakal dicawisake
2.    WHO/SAPA                 : Sapa sing ngalami kedadean asebut.
3.    WHEN/KAPAN           : Kapan kadadean kasebut bisa dumadi
4.    WHY/KEPRIYE          : Kepriye kedadean kuwi bisa dumadi
5.    WHERE/NENGENDI : Ana papan ngendi kedadean kuwi dumadi
6.    HOW/KENA APA       : Merga apa kedadean kasebut dumadi
C. Sifat Pawarta
 Pawarta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaitu
1.   Aktual
2.   Faktual utawa nyta
3.   Cekak aos
4.   Narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni
5. jangkep
D. Tuladha

Tuladha 1

 
https://www.youtube.com/watch?v=kV2YREjhBz8&t=23s

Tuladha 2
 Kirab Bendera Ing Kabupaten Pati
Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diarak saka Stadiun Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing Alun Alun Pati

Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur
Miturut Ketua Forum Komunikasu Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun maran para pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kegiatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setahun pisan.






Komentar

Posting Komentar